Tembung Pepindhan Jawa| Pola Dan Artinya - Seni Budayaku

Share:
Konten [Tampil]
Pepindhan yakni kalimat pengandaian atau sebutan dalam bahasa Jawa yang umumnya menggunakan kata dalam bahasa Jawa "kaya , kadi , kados , lir , pendah , yayah kadya" , dan lain-lain. Pepindhan sanggup juga dipakai selaku kalimat panyandra dan cangkriman yang dipakai untuk mengandaikan kondisi insan , wujud barang , ataupun yang lainnya. Pembahasan mengenai tembung pepindhan secara lengkapnya silahkan simak ulasan berikut ini.

tembung-pepindhan

Pepindhan

Pepindhan yaiku tetembungan sing ngemu surasa pepindhan , irib-iriban. Mulane biyasane diwiwiti nganggo tembung-tembung pindha , lir , kaya. Pepindhan asale saka tembung pindha kang tegese kaya , lir , pendah , kadya , kadi , lan sapanunggalane. (Terjemahan; Pepindhan yakni kata-kata yang mengandung makna pengandaian , perumpamaan. Maka dari itu pepindhan umumnya dimulai dengan kata-kata andai , bagai , seperti. Pepindhan berasal dari kata pindha yang artinya kaya , lir , pendah , kadya , kadi , dan sebagainya.)

Tembung pepindhan uga diarani unen-unen kang ora ngemu suroso sejatine. Mulane pepindhan nganggo tembung; kaya , lir , kadya , pindha , lan liya-liyane. Yen ing bahasa Indonesia diarani kalimat pengandaian nggunakake tembung mirip , umpama , lan sapanunggalane. Pepindhan asring digunakake kanggo pacelaton padinan , lan panyondro sajroning babagan sing wigati. (Terjemahan; Tembung pepindhan juga disebut kata-kata yang tidak mengandung makna sebenarnya. Maka dari itu pepindhan menggunakan kata; kaya , lir , kadya , pindha , dan lain sebagainya. Jika di dalam bahasa Indonesia disebut dengan kalimat pengandaian menggunakan kata mirip , umpama dan lain sebagainya. Pepidhan sering dipakai dalam percakapan sehari-hari , dan kalimat pengandaian dalam mengisi event yang resmi.)

Tembung pepindhan kanggo pacelaton padinan lan babagan lia liane biasane digunakake kanggo panyandra kahanan opo wae kang ditemoni , tuladhane kaya panyandra kanggo putri kang sulistya , panyandra kanggo priya kang bagus , panyandra kanggo kahanan wadyabala , panyandra kanggo wong nesu , pepindhan kanggo panyandra perangan awak , lan laya liyane. (Terjemahan; Tembung pepindhan dalam percakapan sehari-hari dan hal-hal yang lain umumnya dipakai untuk menggambarkan kondisi apa saja yang dijumpai , umpamanya mirip pada dikala menggambarkan kondisi putri yang baik , menggambarkan keadaan laki-laki yang ganteng , menggambarkan keadaan teman-temannya , menggambarkan keadaan orang yang sedang murka , pepindhan untuk menggambarkan keadaan bagian tubuh dan lain-lain.)

Berikut ini beberapa pola tembung pepindhan dalam bahasa Jawa yang sering dipakai dalam percakapan sehari-hari. Tembung pepindhan dari abjad A hingga Z kami ulas dalam pembahasan kami berikut ini. Berikut ini tuladha pepindhan yang sanggup kalian jadikan acuan dalam mempelajari pepindhan bahasa jawa beserta artinya secara lengkap.

Contoh Tembung Panyandra lan Pepindhan;

A
Abange , kaya godhong katirah.
Abang kumpul padha abang , kaya bantalan kobong.
Abote , kaya watu.
Adheme , kaya es.
Agunge , kaya samodra rob.
Akehe pepati , kaya babadan pacing.
Akehe pepati , kaya sulung lumebu geni.
Akehe lelara , kaya kena pagebluk.
Ali-aline , gunung sapikul.
Aluse , kaya sutra arab.
Antenge , kaya temanten ditemokake.
Antepe , kaya wesi.
Anyepe , kaya debog.
Asine , kaya uyah.
Atose , kaya wesi.
Ayune , kaya dewi ratih.

B
Baguse , kaya Bathara Kamajaya.
Bangone awangun , kaya gedhang salirang.
Bantere , kaya angin liwat.
Bebadane , kaya ngadhal melet.
Bedane , kaya bumi karo langit.
Begjane , kaya nemu mas sakebo.
Begjane , kaya nemu cempaka sawakul.
Brengose , nglaler mencok.
Brengose , nguler keket.
Bungahe , kaya ketiban daru.

C
Cahyane bingar , kaya lintang johar.
Cahyane nglentrih , kaya rembulan karahinan.
Cep klakep , kaya orong-orong kepidak.
Cethile , kaya cina craki.
Cumlorot , kaya lintang alihan.
Cumlorot , kaya ndaru.

D
Dalane , kaya nggeger sapi.
Dalane , kaya mbathok mengkureb.
Dawane barisan , kaya sela brakithi.
Dedege , kaya ngringin sungsang.
Dhuwure , kaya othak-othik mega
Domblong , kaya sapi ompong.
Dondomane , kaya tutus kranjang.

E
Empuke , kaya gudir.
Enthenge , kaya kapuk.

G
Gagah prakoso , kaya Raden Werkudara.
Galake , kaya harimau manak.
Galake , kaya buta luwe.
Gampang , kaya empol pinecok.
Gelungane , kaya ngadhal menek.
Gelungane , kaya minangkara.
Gelise , kaya banyu mili.
Gelise , kaya banyu sinaring.
Ghendhewane , awangun kadhal meteng.
Gereng-gereng , kaya singa antuk bayangan.

I
Ijo kumpul padha ijo , kaya bethet sayuta.
Ireng kumpul padha ireng , kaya gagak areraton.
Ireng kumpul padha ireng , kaya dhandhang areraton.

J
Janggute , kaya tawon gumantung.
Janggute , pindha tawon gumantung.
Jogede , kaya merak kasimpar.
Jogede , pindha merak kasimpar.
Jogede , mucang kanginan.

K
Kagete , kaya tinubruk ing wong lepat.
Kaku , kaya kena nggo pikulan.
Kekejere , kaya manuk branjangan.
Kenese , kaya Dewi Srikandi.
Kesete , kaya kadhal.
Kepingine , kaya nyidham cempaluk.
Klular-klulur , kaya tuma kathok.
Kopat-kapit , kaya buntut ula tapak angin.
Kuninge , kaya emas sinangling
Kuning kumpul padha kuning , kaya podhang reraton.

L
Lakune nusup-nusup , kaya ayam alas.
Lakune nusup-nusup , pindha ayam alas.
Landhepe , pindha pepes pitung pinyukur.
Lelewane , pindha milangoni.
Lir sato , mungging rimbangan.
Luruhe , pindha Dewi Sembadra.

M
Mendhak-mendhak , kaya sato memeti.
Mendhak-mendhak , kaya dhere memeti.
Mendhak-mendhak , kaya babon memeti.
Mider-mider , kaya undur-undur.
Miling miling , kaya jangkung.
Mlakune-mundur , kaya mungkur gangsir.
Mlakune , ndodhok mencolok.

N
Nangise , ndrenginging kaya rase kewaregen.
Nangise ngorong , kaya orong-orong muni.
Nuturi wong pinter , prasasat ngajari angsa nglangi.
Nyengite , kaya dhemit mecicil.

O
Olehe kabegjan , kaya nemu emas saloka.
Omahe awangun , glathik mungup.
Omahe awangun , gedhang salirang.
Omahe awangun , klabang nyander.

P
Padhang jingglang , kaya rina.
Padha pleg , pindha jambe sinigar.
Panase sumelet , kaya mecah-mecahna sirah.
Penggalihe padha-padha , pindha suruh lumah lan kurepe , yen dinulu seje rupane , yen ginigit padha rasane.
Parine ijo , gumadhung.
Parine isi , ngemping.
Parine ijo , nedheng-nedhengi gumadhung.
Peteng ndhedhet , ndumuk irung.
Pintere , kaya sanggup njara langit.
Pintere , kaya sanggup nyancang angin.
Pipane rokok , kaya menyu.
Pipine , kaya tomat mateng.
Polahe , kaya ngaru napung.
Polahe , kaya kuthuk kelangan babon.
Polahe , kaya gabah den interi.
Polatane mbranyak , kaya Raden Kakrasana/Samba.
Putih kumpul padha putih , kaya kuntul neba.
Putih memplak , kaya kapuk diwusoni.

R
Rakete , kaya sadulur sinara wedi.
Ramene , lir prahara nempuh wukir.
Ramene , surak mbata rubuh.
Rikate , kaya mlayune angin.
Rukune , kaya mimi lan mintuna.
Ruruhe , (wong lanang) kaya Raden Janaka.
Ruruhe , (wong wadon) kaya Dewi Sembadra.
Rupane , kembar pindha Jambe Sinigar.

S
Salake , medhi (masir).
Sambate , kaya nggrantang.
Sambate , kaya ngaru ara.
Senenge , kaya debu oleh leng.
Sentosa banget , kaya janget kinatelon.
Sowane mendhak-mendhak , kaya sata manggih krama.
Suguhane , mbanyu mili.
Sumbare , kaya sanggup mutung wesi ligen.
Sumbare , kaya wani ndilat wesi kakak panas.
Suweke , kaya nyangkem kodhok.
Swarane , kaya gelap ing mangsa kapat.
Swarane , kaya mbelah-mbelahna bumi.

T
Tandange cukat , kaya kilat , kesit kadya thathit.
Tandange , kaya bantheng ketaton.
Tandange , kaya jangkrik mambu kili.
Tandange , kaya sikatan nyamber walang.
Tapa ngalong; tapa ngidang; nyatuka.
Tekade , kaya geni lan urupe.
Tekade , kaya madu lan manise.
Tepunge kalis (kekancane) , kaya banyu karo lenga.
Thingak-tinguk , kaya kethek ditulup.
Tindake , nusup ngayam alas.
Tulisane , awangun ketumbar (aksara jawa).
Tulisane , mbata sarimbang (aksara jawa).
Tulisane , ngeri (aksara jawa)

U
Ulese , ngembang asem (kucing).
Ulese , ngembang duren (jaran).
Untabe , kaya samodra rob.
Utange , nyundhul empyak
Utange , akeh wulu kucing

W
Wangsulane , kaya saur manuk.
Wangune , kaya dara gepak.
Wiragane , nenangi brata.
Wrangkane , gayaman.

;
Rura Basa Bahasa Jawa beserta Contohnya
Kerata Basa dalam Bahasa Jawa dan Artinya
Tembung Yogyaswara dalam Bahasa Jawa dan Artinya

Demikian ulasan mengenai "Tembung Pepindhan Jawa , Contoh dan Artinya" yang sanggup kami sajikan. postingan sastra Jawa menawan yang lain cuma di situs .
Advertisement
Advertisement


EmoticonEmoticon